TEKS MONOLOG BAHASA JAWA

Kanggo Masa Depan

 

Remaja iku masa sing nyenengake, iso ketemu akeh wong, lan sinau kabeh hal sing ana ing donya. Tapi sawise kuwi, keluh, kesah, lan kabeh tekanan kudu iso dilewati, perjuangan gedhe kanggo ngayuh sukses diwiwiti.

(Mlebu kamar banting lawang, sawise lungguh ing kasur, lan ambegan dowo. Mikirne masa depan.)

 

Aku: "Ben iso sukses, aku kudu wani nduweni mimpi sing duwur, bakal ana alangan, lan bakal  ana wong sing mangu-mangu marang aku, dadi pastine iki ora bakal gampang."

(Ngadeg, mlaku menyang jendela.)

 

Aku: "Nanging aku ora iso nyerah. Yen gampang, mesthi kabeh wong iso. Aku pengin dadi wong sing iso nindhakake kabeh jinis lan nindhakake samubarang sing durung tau dijajal dening wong liya."

(Banjur noleh, karo katon sedih, banjur mlaku-mlaku ing kamar.)

Aku: “Aku kelingan critane ibuk babagan susahe urip nalika wis gedhe. Kita kudu iso sinau lan nindakake kabeh perkara anyar.”
Aku: "Ing perjalanan iki, mesthi bakal nemu mamang, lan kuatir. Nanging ora apa-apa, kabeh  iku uga dialami dening saben wong. Bedane mung ana sing nyerah lan terus maju. Kabeh wong ngalami hal sing podo. Bapak ngendika, kegagalan iku lumrah, amarga iso uga kegagalan iku wiwitane sukses. Sing penting ana prosese langkah demi langkah.”

 

Gagal iku hal sing lumrah. Nanging aja nganti ngalahake kita kanggo nggayuh masa depan sing cerah. Mangkono perjuangan ing remaja kanggo nggayuh titik kadewasan, lan nampa masa depan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

CERPEN BAHASA INDONESIA (GENRE: SLICE OF LIFE)